Welcome to Bahari Note - Selamat Datang di Bahari Note - Sugeng Rawung Ing Bahari Note

Syukur Karo Ikhlas : Ngerteni rasa syukur karo ikhlas nampani dideleng sekang gesang dewek saben dinane

ENGLISH>>

Syukur putune dewek uwis lahir, jabang bayi karo ibune sehat ...

Ulih rangking 5 ya ora wis lumangyan le, ngesuk sinau maning sing lewih giat supayane bisa ningkat ...



Sering dewek ngucapna tembung/ ukara nggo ngungkapna rasa syukure dewek sekang anane salah sijine hal, utawa kahanan kang kedadean. Karo rasa ikhlase dewek merga menawa kedadean sijine hal, kekurangan sijine hal, utawa hal kuwe ora diarepna.


Napa ana hubungane tembung syukur kuwe karo rasa ikhlas? Miturut Panjenengan? Jajal dihubungna karo kedadean-kedadean sing kedadean  sak anane Panjenengan.  Pikirna hal kang tau Panjenengan syukuri banget, napa anane rasa ikhlas kang mbarengi utawa kudu mbarengi? Utawa hal kang kudu Panjenengan ikhlasna, napa ana rasa syukur Panjenengan maring hal kang wis Panjenganan ikhlasna kuwe?

Dadi sepira seringe Panjenengan ngrasa syukur? Sepira seringe Panjenengan kudu ikhlas?

Dewek ngomong tembung syukur maring apa sing dewek trima sekang apa kang dewek arepna utawa ngikhlasna hal sing kedadean sing menawa ora dewek arepna. Menawa mungkur hal-hal sing gedhe/ arang kedadean. Tapi sebenere dewek kudu bisa ngetoakna rasa syukur karo ikhlas kuwe ana saben lakune dewek, gesange dewek saben dinane. Merga tanpa rasa syukur karo ikhlas kuwe ngaruh-aruhi perane dewek nang dunya minangka dadi sawijine manungsa, dadi kaluarga, kelompok, karo dadi bagean sekang masyarakat. Ngaruh-ngaruhi lakune dewek, sifate dewek, rupane dewek maring wong liya utawa lewih-lewih kosok baline dewek maring sawijine kedadean sing timbul apa kuwe anane menungsa dewek, utawa ing masyarakat.

Apa baen sing dewek syukuri? Apa baen sing kudu dewek ikhlasna? Kaya mau diucap, hal gedhe utawa arang sing diarep-arepna mestine sing kepikiran disit. Tapi jajal dewek deleng hal-hal nang ngisor kiye...!, sing menawa dewek anggep gampil. Sebenere ora ulih disebut gampil kur merga sangking seringe dadi kaya wis biasa utawa sing nang sajabaning sirah utawa malah kelalen ...?
Dewek sehat, awakku genep, pas, nglakoni apa baen dadi. Utawa. Dewek mriangen, cacat, gering, kelemon, angel go ngapa-ngapa.
Bapak ibuku eman benget, mesti nuruti apa karepku. Utawa. Bapak ibuku tegas banget, apa-apa pantangan, kiye kue ora ulih.
Dewek bisa sekolah duwur, ulih kerja gampang, kancane akeh. Utawa. Dewek ora bisa sekolah, merga kudu ngrewangi golet duit nek arep sekolah, angel golet kerja merga ora duwe kanca.
Umahku amba, adem karo ayem, sawah ijo, karangan kebek sayur karo buah. Utawa. Umahku cupet, lemaeh pas bates pandasi apa maning karangan utawane malahe ngontrak.
Kerjdewek mapan, gajihku gedhe, cukup banget lah. Utawa. Kerja ra genah, mangan baen utang, bingung singgo kiriman.
Bosku eman, perlune mesti diwei, ulih bonus maning. Utawa. Bosku itung-itungan banget, kayak pengawas KPK, bayarane sering keri, pas-pasan karo ora tau diwei bonus.

Utawa kaya kiye!
Olah-olahe geseng, ra enak
Wah hadiahe apik banget
Waduh keri, mau wengi lek-lekan sih
Brisik, apa-apa diojari
Wah hawane seger banget
Yah udan, yah banjir, yang mogok
................. lha sing liyane ............
Kok ora udan-udan, wis garing, kebakaran mbirengan

Akeh banget hal sing mesti dewek deleng, tampi, lakoni sing pas utawa ora pas hasile karo kekarepe dewek. Singkate, saben dina, saben jam, saben menit mestine ana pengarep karo kepenginan sekang  hal sing urung karo/ utawa arep dilakoni. Mangkane pengarep karo kepenginan sing apik, hasile pas karo apa sing dipikirake dewek. Sebagean dewek mungkur ngarep-arep karo kepengin, sebagean maning usaha ngweujudna utawa usaha sebisane sing seteruse dewek omong proses. Kue dewek, ngarep karo kepengin karo kudu ngliwati proses singgo ngwujudaken disit mergane kasile dewek urung ngerti tapi mungkur bisa ngira-ira utawa ngreka.

Merga dewek mikir menawa 1+1=2. Dadi nek dewek arep rangking 1, ngarep dadi juara kelas kudu sinau tembe bisa ulih rangking 1 dadi juara kelas. Nek sinaune sante ya mesti ora mungkin dadi rangking 1 apa maning ora sinau ora mungkin ulih nilai apik.

Dewek arep sugih, dewek kudu ngarep duit akeh dadi kudu kerja sregep, dagang sing tekun tawa nganah tawa ngeneh tembe ulih kasil sing gedhe. Nek kerja sante, dagang saanane ya untunge sethithik apa maning nek mungkur ndeleng wong liya kerja utawa dagang karo ngenteni pandum.

Dewek ngarep, dadi dewek kudu usaha tapi kasil kuwe hal sing sebenere udu kuasane dewek singgo ndisiti jawabe. Urung mesti sing  lulusan S3 kuwe arep dadi bos, utawa urung mesti sing ora lulus SD mungkur arep dadi kuli. Urung tentu dewek sinau awan bengi ulih rangking 1. Urung tentu sregep tawa dagangane dadi laris.

Sajerone nampa kasil, usaha dewek kiye sing diperlukna anane syukur karo ikhlas. Merga nek ora ana unsur syukur karo ikhlas dadi anak-anake sing wis sinau sregep awan wengi trus mungkur ulih nilai sing biasa utawa pas kebener adoh sesing pengarepan ndadekna rasa sia-sia maring sing diusahakna. Utawa merga wong tuane ora syukur karo ikhlas dadi anake kuwe diomeih ora aweh rasa ngregani maring usaha sregep sinaune sing wis dilakoni. Menawa malah ndadekna rasa nyerah, utawa mikir sinau ora sinau pada bae. Karo rasa pengarepa juga dai ngurangi.

Tau aku ngrungu wong tua sing ngujar nek singgo apa sekolah duwur-duwur, paling ya kerja karo wong, kasile pada baen nguli. Apa kaya kuwe benera?
Menurutku dewek perlu banget pengarep, karo terus usaha. Dadi dewek tetap ngarep mlebu suarga, ngarep dadi sugih, ngarep sukse, ngarep dadi bintang kelas terus dewek kudu tetep usaha, usaha seapik-apike dewek bisa terus dewek kudu nganakna rasa syukur karo ikhlas men supaya pengarepa karo usahane dewek sing menawa hasile ora pas kaya apa sing dipikir tetep dadi kasil sing paling apik singgo dewek. Kuwe sing lewih apik, udu nggo disesali ndadikna emosi karo ndadikna mandeg ngarep, mandeg usaha.

Merga kebeh hal nang ndunya kiye kuwe sawijine proses, lewih apik prosese mestine nilaine arep lewih apik. Nek kasil udu kuasane dewek, merga sing dewek ulih pancene kuwe sing paling apik nggo dewek sing wajib disyukuri karo ikhlasna.
Nilene ana neng pengarepane dewek sing apik, proses sing dewek lakoni sing bener nggo mujudna rasa syukur karo ikhlas nrima apa sing dewek ulih.
Dadi dewek dadea menungsa/ wong sing pikirane apik, gawe warna padang nggo kabehan.
Bocah sekolah sing selalu sregep sinau, mangkat sekolah pas wektune. Kuli sing tekun, nurut, jujur. Pimpinan sing tegas, ana wibawane. Sing kabeh mau ndadekna dewek apik, nangendi papan nangendi situasi karo kahanan apabaen, nang wayah apabaen.

------ karepe penulis mbok ana sing arep mbenerna bahasa jawane, mangga---

aatypers@blogbahari

No comments:

Post a Comment